Purwa Madya Wusana
Sun Waris Condro Sengkolo
Karahayon mugiya tansah kajiwa kasalira dumateng kita sedaya.
Kepareng kawula matur minangka satunggaling warga ingkang kapatah minangka pangesuhing warga paguyuban kanthi langkung rumiyin bade angaturaken menapa ta sejatosipun Paguyuban Ngesti Aji Beteng Mataram Waris Dhalem Condro Sengkolo. Kados ingkang sampun katur ing nginggil, warganing paguyuban sewaunipun dumados saking para kadhang ingkang nungil raos sami sami angudhi kasampurnaning agesang kanti nglestantunaken tuntunaning para pepunden saha para leluwur ingkang sampun atetilar kawruh pangertosan tumraping tatacara pangolahing rahsa kang ninemekan mring panembah katujokaken dumateng Pangeran ing pangancas sageta kaleksanan menapa ingkang dados panuwunan kita kaijabahan mring Gusti Pengeran. Kita minangka priyayi jawi tamtu mangertosi bilih sedaya gegayuhan sagetipun kaleksanan kedhah kanti linampahan kanthi ikhtiyar sacara lahir lan ugi secara batos kanthi kajurung pandongga saha panuwunan dumateng Gusti Pengeran. Bilih babagan ikhtiyar lahir saha pandonga dumateng Gusti Pangeran tamtu kita sedaya sampun mangertosi ananging babagan ikhtiyar sacara batos kita kadang kala dereng mangertosi kados pundhitha lampah ingkang sakleresipun kadhos dhene ginambaraken tiyang bade sowan dumateng Ratu Gustinipun dereng mangertosi totocaranipun ingkang kedhahipun marak rumiyin dateng prejurit jaga regal lajeng kalarapaken wonten bangsal mandungan, kaaturaken mring Gusti Patih nembe kaaturaken dumateng Sinuwun Prabu nembe kalilahan menapa mboten sowanipun, bilih mboten kaleresan lampahipun tamtu mboten bade saget pepanggihan kulawan Ratu Gustinipun malah-malah saget pikantuk pidhana. Pramila saking tuwuhing pepinginan saking sakkatahing warga dhaya-dhaya sageta mangertosi tatacara lampah pangolahing batos saengga sagung warga paguyuban anglempak, tukar pemanggih saengga lestantun ngatos wekdhal sakmenika sampun kalampahan selangkung tahun laminipun. Saking asiling pepanggihan saha tukar pemanggih kewau kalajeng dados gemblenging pemanggih angesti tuntunaning lampah ingkang mijil saking wucalan ndalem suwargi Eyang Kiyai Hadji Khasan Bushori ingkang lenggah wonten Tegal Kemuning Pracimantara Wonogiri, ingkang wekdhal inguni minangka bapa guru kawula, inggih ingkang sinebat kawruh pangertosan waris dhalem Condro Sengkolo ingkang sacara turun tumurun kawedaraken saking Eyang Panembahan Condro Sengkolo. Dhene wontenipun sujarah saking kawruh pangertosan Waris Dhalem Condro Sengkolo samangke badhe kita aturaken piambak.
Saking asiling kawula nyantrik wonten Tegal Kemuning sewau kawula sarencang sampun kalampah nglestantunaken sedaya kawruh pangertosan kewau ngantos wekdhal sakmenika kanthi kajumbuhaken mring pemanggih-pemanggihipun sagung para warga saengga taksih sreg kalampahaken. saengga paklempakan kita menika taksih lestantun. Lampah tirakat, lampah pandonga, ujub ngantos pangolahing lampah batos ingkang sakelangkung lebet sampun kita lampahi sedaya, wiwit saking pangertosan pangolahing raga njaba, kawruh madya ugi pangolahing serat jiwa ugi sampun sedaya kita trepaken.
Manpangat saha asiling saking lampah kita sampun katah para warga ingkang ngraosaken kados pundhi saget kaijabahan gegayuhanipun, kados pundhi saget tumoto pagesanganipun, tentrem ayem manahipun ugi sakelangkung cinaket mring Gusti Pengeranipun saenggo mboten wonten icalipun para pepunden ugi para leluwur ingkang sampun amarisaken kawruh pangertosan menika dumateng kita.
Mugi kasuwun sedaya kesaenan menika sageta lestantun teras dumugi anak putu kita sedaya manpangat lan barokahipun lumutura saklamipipun .... Aminn.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar