Pretungan Naga Dino.
(
Paran Kang Kudu Disiriki Miturut Manggone Nogo Dina, Sasi lan Tahun )
Petungane Nogo dino iku werno werno, ono sing
miturut dinone, ono sing miturut pasarane, utowo miturut neptu dino lan
pasaran. Ugo ono maneh nogo sasi, nogo tahun lan nogo jatingarang. Yen nogo
dino, nogo pasaran lan nogo neptu panggone pindhah saben dinane, ora koyo nogo
sasi,nogo tahun lan nogo jatiungarang sing pindhahe saben telung sasi pisan. Koyo
mangkene panggone nogo dino :
Akad : Kidul.
Senen : Kidul kulon.
Seloso : Kulon.
Rebo : Lor Kulon.
Kemis : Lor, Lor wetan.
Jumah : Wetan
Setu : Kidul Wetan
Panggone nogo pasaran :
Kliwon : Tengah.
Legi : Wetan.
Paing : Kidul.
Pon : Kulon.
Wage : Lor.
Panggone nogo miturut neptu dino lan pasaran :
Neptu dino lan neptu pasaran dijumlah yen ketemu :
7,12,17 : Nogo ono Lor Wetan.
8,13 : Nogo ono Lor Kulon.
9,14 : Nogo ono Kidul Kulon.
10,15 : Nogo ono kidul Wetan.
11,16,18 : Nogo ono wetan.
Panggone Nogo sasi (Ngalihe saben telung sasi) :
Poso, Sawal, Dulkaidah : Kidul.
Besar, Suro, Sapar : Kulon.
Mulud, Bakdamulud,Jemadilawal : Lor.
Jemadilakir, Rejeb, Ruwah : wetan.
Panggone nogo tahun (Ngalihe saben telung sasi) :
Besar, Suro, Sapar : Lor.
Mulud, Bakdamulud, Jemadilawal : Wetan.
Jemadilakir, Rejeb, Ruwah : Kidul.
Poso, Sawal, Dulkaidah : Kulon.
Panggone nogo jatingarang (Ngalihe saben telung sasi) :
Suro, Sapar, Mulud : Wetan.
Bakdomulud, Jemadilawal, Jemadilakir : Kidul.
Rejeb, Ruwah, Poso : Kulon.
Sawal, Dulkaidah, Besar : Lor.
Prayogane den weruhi, Sakabehing kaperluan ojo nganti marani panggone nogo, luwih luwih yen tumbuk annane nogo taun lan nogo jatingarang. Dene tumbuke nogo taun lan nogo jatingarang iku ono ing sasi Besar, Mulud, Jemadiulakir lan Poso....
Tidak ada komentar:
Posting Komentar