Kamis, 12 Oktober 2017

Kegiatane Para Warga Paguyuban

Nuwun sewu sakderengipun bilih samangke Krama Inggil kawula bade kawula jabel kaandapaken mring tataran kramantara ing pangajab sakelangkung gampil pun mangertosi kanthi mboten angirangi pakurmatan kawula dumateng andhika sedaya.

Kaya kang wus kita mangerteni kabeh ngenani "Paguyuban Ngesti Aji Beteng Mataram Waris Dhalem Condro Sengkolo" kang wus kacetho ing nduwur, tamtu kita wus bisa pikantuk gambaran kaya ngapa anane paklumpukan mau kang wus kasebut anane kumpulane para warga kang anunggal kareb angudhi kasampurnaning ngaurip kanthi bebarengan anglampahna lampah tirakat bebarengan kanggo anggayuh apa kang dadi pangidam-idamaning urip kanthi angolah raos sacara lair lan batin. Ewadene kanggo tuntunaning lampah wus kalampah migunaake tatacara kang kawarisake saka Kawruh Pangertosan Waris Dhalem Condro Sengkolo.  Dhene para warga kang maklempak banjur sesarengan tukar kawruh lan saka asiling tukar kawruh kasebut banjur kaimpun dumadi satunggaling paugeran kanggo tatacaraneng panggolahing rahsa batos kang linandesan mring Kawruh Pangertosan  Waris Dhalem Condro Sengkolo. Lampahing para warga paguyuban ing antaranne :

1. Pakumpulan saha melekan ing malem jum'at.


                                         
2. Tirakat soho Adus Kramas Jinabat Papat


3. Mbekteni Pepunden saha leluwur





4. Wejangan saha jamasan anggota anyar




 

5.  Yaroh Pepunden 






6. Mburu Pusaka (Janglod 1,2,3 )








Sejatine isih akeh kegiatane para warga Brayat Condro Sengkolo, ananging amung setitik ingkang bisa takaturake jalaran ora kabeh kegiatan didokumentasekake.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar